Post Top Ad

Post Top Ad

Rabu, 04 November 2015

Contoh Pawarta Basa Jawa

Pawarta Bab Lingkungan
     Alas Rusak Gajah-gajah Padha Ngamuk
   Desa cacah sanga ing Wewengkon kabupaten Organ Komering ulu (OKU) selatan, sumatera selatan dilaporake diserang grombolan gajah, selasa 2 November. Gajah-gajah mau ora mung ngrusak pategalanduweke warga  wae nanging uga mlebu desa lan ngobrak-ngabrik omahe penduduk ing desa Serupumpum, Sipin, Tanjung sembilan, lan Danau kuning. Miturut penduduk desa yaiku Yono, gajah-gajah mau wis wani nyerang manungsa lan nyebabake wong siji mati amarga kepidhak.
   Diduga pangamuke gajah-gajah mau disebabake enteke pasedhiyan pangan lan ngombe merga alas-alas habitate kewan kasebut wis rusak dening manjngsa. Dinas kehutanan lan pamrentah akhire bisa nggiring gajah-gajah mau menyang Taman Nasional Way Kambas lampung kanthi ngginllunakake helikopter duweke kodam sriwijaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar