Post Top Ad

Post Top Ad

Rabu, 04 November 2015

Paribasan, Bebasan, Tembung Entar, Saloka, tembung Saroja, Purwakantho, Wangsalan

   # Paribasan
 Yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu utawa unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar lan ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha: Anak polah bapak kepradah = Wong tuwa bakal ngrasakna tumindhake anak.
   # Bebasan
 Yaiku unen-unen ajeg kang ngemu surasa pepindhan utawa menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.
Tuladha: Andaka atawan wisaya = wong kang ngepek bojo anake pupon.
   # Tembung Entar
 Yaiku tembung silihan, tembung kang tegese ora salugune.
Tuladha: Abang kupinge = Nesu.
   # Saloka
 Yaiku unen-unen / tetembangan ingkang ajeg penganggenipun ngemu suraos pepindhan dhene ingkang dipun pindhakaken tiyangipun.
Tuladha: Asu gedhe menang kerahe = luwih duwur pangkate, luwih gedhe penguasane.
   # Tembung Saroja
 Yaiku tembung loro utawa luwih pafha tegese dirangkep dadi siji, nduweni teges mbangetake.
Tuladha : jalma manungsa jejel riyel japa mantra.
   # Purwakanthi
 Yaiku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane.
Tuladha : Aja dumeh bagus terus kementhus.
 -Purwakanthi swara
 Unen-unen kang runtut swarane (vokal).
Tuladha: Gemi setiti ngati-ati.
 - Purwakanthi sastra, kang runtut sastrane.
Tuladha : kala kula kelas kalih kula kulak kalo.
 -Purwakanthi basa/lumaksita
 Yaiku unen-unen kadhapuk saka rong gatra.
Tuladha: Bayem arda, ardane ngrusak busana.
   # Wangsalan
 Yaiku tembung sing gaemper cangkriman kanthi ngadhakake balungane ing ukara kasebut kanthi sinadi lan ora cetha.
Tuladha: Aja ngerokok cendhak, dadi wong seneng neges-neges.
                Cangkriman = ngerokok cendhak, tebusane = neges-neges, batangane = tegesan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar