Post Top Ad

Post Top Ad

Minggu, 22 November 2015

Pengertian lan tuladhane Parikan, Isbat, Sanepa, Rurabasa, Cangkriman, Keretabasa, lan Camboran

Pengertian lan tuladhane Parikan, Isbat, Sanepa, Rurabasa, Cangkriman, Keretabasa, lan Camboran

# Parikan
   Sajinise sastra jawa yaiku kang arupa pantun
Tuladha:
1) Pamuda bangsa sregep sinau
     Mula negarane bisa dadi maju
2) wajik klethik gula jawa
     Luwih becik sing prasaja
3) jalan-jalan tuku sajadah
     Sajadahe kanggo oleh-oleh
     Dadi wong rajin ngibadah
     Mesti anake soleh-soleh

# Isbat
    Inggih punika arupa saloka nanging tegese nduweni kaitan ilmu gaib
Tuladha :
1) Golekana tlapake kuntul mlayang, tegese; kuntul digambarake raga, tlapake digambarakejiwa. Kesimpulane: raga gelem mikirke tujuane jiwa
2) Kodok ngemuli lenge, tegese; lenge nggambarake raga, kodok nggambare jiwa. Kesimpulane: jiwane gelem mikirna ragane.

# Sanepa
    Tembung kang mbangetake nanging kosok baline
Tuladha: 
1) wong Afrika kae menawa disawang kulite kuning nyilit kwali
2) bocah wadon kae gering kaya semangka
3) penganten kae eseme pait madu

# Rurabasa
    Tetembungan kang wis dadi padatan lan ditumindakake sanajan salah kaprah
Tuladha : 
1) Adang sega = Adang beras dadi sega
2) Nggodog wedang = Masak banyu dadi wedang
3) Nganyam klasa = Nganyam pandan dadi klasa
4) Menek klapa = Menek wite klapa

# Cangkriman
    Tembung kang nelakake batangane
Tuladha :
1) tembang
     Biasane kawujud ana ing sajroning tembang
2) pepindhan
     Pitik walik saba meja = sulak
3) wancahan
     Pakboletus = tepak kebo lelene satus

# Keretabasa
    Makna utawa kepanjangane tembung
Tuladha :
1) wanita = wani ditata
2) dhalang = ngudhal piwulang
3) Guru = digugu lan ditiru
4) Gelas = yen tugel ora bisa dilas
5) Nandur = Nata karo mundur

# Camboran
    Ukara kang nelakake ukara loro kang nduweni teges beda lan digatukake nelakake teges kang anyar
-camboran wutuh
   Tuladhane :
    1) martabak bandung
    2) putu ayu
    3) semar mesem
    4) wingko babat
    5) nasi goreng
-camboran tugel (wancahan)
   Tuladha :
    1) burjo = bubur kacang ijo
    2) bangjo = abang ijo
    3) piscok = pisang coklat.

2 komentar: