Post Top Ad

Post Top Ad

Minggu, 22 November 2015

Pengertian Sesorah lan contone

SESORAH PIDATO BASA JAWA

 Pengertian
   Sesorah utawi pidato bahasa jawa dados satunggaling kabudayan jawi ingkang wigati sanget. Mila menika kita kedhah mangertos pengertian sesorahutawi pidato bahasa jawamenika. Sesorah utawi pidato bahasa jawa saget andadosna regengipun pahargyan lan pawiwahan. Wonten ing ngandap menika satunggaling atur kula babagan pangertosan sesorah, ananging sakderengipun kula aturaken mbok bileh salebeting atur kula samangkih anggadahi kekirangan soho wonten atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun agunging samodra pangaksami.Pengertian sesorah utawi pidato nun injih bedhahan utawi medharsabda ingkang wosipun ngaturaken gagasan,  saha penggalih dhateng tiyang sanes mawi lesan kanthi cara tartamtu saha kanthi ancas tujuane ingkang gumathok. Mila menika sawenehing tiyang sesorah badhe kawastanan kasil menawi saestu saged ngrimuk pamirengipun, damel remenipun ingkang dipunajak wawan ginem, nuhoni panuwunipun pamedhar sabda, dipunmangertosi kekajenganipun lan sapanunggalanipun, saha sedaya katerangan saking ingkang medhar sabda saget katampi dening ingkang sami mirengaken.Saking kawruh sesorah wonten ing nginggil menika anggadahi tigang prekawis ingkang perlu dipun mengertosi. Tigang prekawis menika inggih kados mekaten:Pamedharsabda anggadahi tugas ingkang ngaturaken sedaya katerangan, gagasan, utawi penggalihan datheng tiyang kathah ingkang cara indonesianipun inggih manika “komunikator”.Isi sesorah/ pidato ingkang dipunaturaken marang pamedharsabda datheng tiyang kathah.Sedaya ingkang mirengaken ingkang cara indonesianipun inggih manika “komunikan”.Sesorah minangka satunggaling pirantos ingkang wigati sarta perlu sanget dipunmangertosi tumrap kawula panjenengan sami. Gagasan ingkang wonten saklebeting sesorah saestu saget ngrimuk tiyang kathah saha nuhoni menapa ingkang dados kekarepanipun. Mekaten sekedhik atur babagan pengertian sesorah. Mugi wonten mumpangatipun menggahing para rencang sedaya. Menawi wonten lepat saha atur ingkang kirang trapsila saestu kula namung tansah tadhah ing deduka nyenyadhong samodra pangaksami.

Ancasipun sesorah, yaiku:
1) Sesorah Persuasif : inggih punika sesorah kanthi ancas mikut (mepengaruhi) pamirengipun.
2) Sesorah Argumentatif : inggih menika sesorah kanti ancas ngyakinaken pamirengipun.
3) Sesorah  Esposisi : inggih menika sesorah kanthi ancas atur pangertosan pamirengipun.
4) Sesorah Deskripsi : inggih menika sesorah kanthi ancas ngaturaken gegambaran kawontenan.
5) Sesorah Rekreatif  : inggih menika sesorah kanthi ancas atur panglipur.
Jenis sesorah miturut kahanan :
kahanan resmi = wonten institusi, naskah sampun didamelaken, bahasa resmi, mboten saged improfisasi.
kahanan setengah resmi = wonten institusi, basa krama, naskah damel piyambak.
kahanan mboten resmi = teng njaba kedinasan, basa bebas nanging sopan, dasar sesorah miturut pamirenge sinten.
kahanan liya-liyane = saged resmi lan ora, miturut kahanan / panggonan lan pendengar Pambagyaharja tembung pambagyaharja punika dumadi saing tembung pambagya lan tembung raharja. 
   
   Pambagya utawi pambage tegese anggone mbagekake utawi anggenipun ngurmati. Dene tembung raharja punika sami kaliyan rahayu, slamet, widada, begja, utawi luput saking kacilakan. Kanthi dasar katrangan punika, tembung pambagyaharja saged ditegesi sesorah kang isinipun ngaturaken kabar karaharjan utawi kaslametan marang tamu/priyayi kang diajak guneman. Ing basa Indonesia, tembung pambagyaharja diarani ucapan/sambutan selamat datang.Adat saben pakulinan kang dipuntindakake ing adat jawa ngaturaken pambagyaharja ounika mboten matur piyambak nanging diwakili/sesulih. Sesulih kang maragani punika biayasane piyayi kang sepuh piyambak, gadhah jabatan, pangarsaing desa, lan sapiturutipun.

   Supaya saged sesorah pambagyaharja kanthi becik, perlu ngrancang sesorah, kanthi nggatekaken bab-bab/babagan ngandhap punika :
1.       Napa mawon pokok-pokok isine,
2.       Damel cengkrongan (kerangka) sesorah,
3.       Mekarake cengkrongan sesorah punika kanthi milih tembung-tembung kang bener,
4.       Nggatosaken ungggah-ungguh (sesorah marang sinten),
5.       Maragakake utawa mraktekaken kanthi kedal (lafal), wirama (tempo), wirasa (intonasi), lan patrap (sikap kang bener).

   Cengkrongan/kerangka sesorah/pidato :   
    Pambuka 
    Salam pambuka 
    Mbagekake para tamu   
    Ngucapake syukur   
    Ngaturake panuwun  
    Nyebutake dhiri pribadi lan ayahaneb.      
    Surasa/isi   
    Ngaturake wose pahargyan  
    Ngaturake kawilujengan 
    Ngaturake panuwun 
    Ngaturake kaluputan menawi wonten kekurangan anggone nampa karawuhan   
    Nyuwun dongane para tamu     
    Panutup
    Pangarep-arep
    Mungkasi kanthi ngaturake dudutan/kesimpulan-          Ngaturake kaluputan anggone                     matur
    Salam Panutup

Tuladhane Sesorah :

1). Sesorah Tanggap Warsa  Sekolah

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sedaya, satemah ing wekdal menika kula saha panjenengan sedaya saged kempal kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya tanggap warsa SMA Buana ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih saged katindakaken sedaya adicara pengetan ambal warsa pawiyatan kita menika. Kula ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng bapak saha ibu dwija sumrambah karyawan ingkang lila legawa paring eguh pratikel murih pratitising adicara punika. Boten kesupen kula ngaturaken agung panuwun dhumateng kanca-kanca panitya tanggap warsa ingkang sampun paring pambiyantu supados adicara ing kalenggahan menika saged kaleksanan. 

Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya.

Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan menika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan menika. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun kula panjenengan sedaya mliginipun para siswa SMA Buana menika.

Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika, lan  mbok bilih anggen kula matur kathah kalepatan kula tansah nyuwun samodra pangaksami.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

2). Sesorah Dinten Kamardikan

Assalamualaikum Wr. Wb.

               Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.

               Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.

               Awit saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.

               Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae.

               Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

3). Sesorah Dinten Kartini

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking kamirahanipun kula panjengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan dinten kartini ing wekdal menika.

Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha panjenengan sedaya. R.A Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipun tindakaken R. A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.

Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada sahakanca-kanca ingkang suka ing basuki. Pancen sampun dados kodratipun wanita limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumancep saha  ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten menika, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun, mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah, asih, saha asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar