Post Top Ad

Post Top Ad

Minggu, 22 November 2015

Pengertian lan Contoh-contoh geguritan basa jawa

GEGURITAN

   Geguritan yaiku sajinise karya sastra kang arupa puisi jawa
Unsur-unsur intrinsik :
1) tembung kang mentes/ nganggo diksi
2) tema
3) judul
4) amanat
5) basane endah
6) nganggo purwakanthi
7) citraan

Ciri-ciri geguritan :
1) diwiwiti kanthi tembung sungegurit (gagrag lawas)
2) nganggo patokan/ aturan (guru lagu, wilangan, gatra)
3) biasane sekawan gatra lan nganggo purwakanthi swara
4) basane mentes lan endah
5) ana aran pengarang/ pangripta

Model-model geguritan :
1) model naratif/ nyeritakake
2) diskriptif/ nggambarake
3) model lirik/ pasemon utawi kritikan utawi sindiran

Tuladhane :
KATRESNAN
(Muhamad Hanung)

Teka terang sawise udan
Srengenge sore kang padang jembrang
Akeh warna nag awan-awan
Angin sumilir samubarang
Gawe aku dadi kelingan
Dudu barang nanging kepenginan
Marang cah ayu kang wis sue aku tresnani
Sering aku mandheng slirahe kang putih bening
Mripate kangdene kaca cermin
Penampilane sopan ora feminim
Eseme kang legi
Nanging aku ora wani 
Njembar rasa kang ana ning ati
Amarga cah ayu kae wis duwe cinta sejati

Merapi
(Puthu Aryana)

Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa cerita
Kabeh kedadean ing tanah jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie gumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

PAHLAWANKU
(R. Tantiningsih)

Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene baktimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

PEPELING
(Sendang Mulyana)

Aku ngugemi ngendikamu ibu
Nalika arep budhal sekolah
Nyangking tas kebak buku
Ngger ngendikane pujangga winasis
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pegat sinau
Dadia wong pinter
Nanging aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih
Nanging aja sumugih
Dadia petinggi
Nanging aja ngapusi lan korupsi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar